Basa Dermayonan Yuk!

Dermayon atau Indramayu ikih kota sing ana ning Provinsi Jawa Barat, sapa sing beli weru kota sing terkenal dengan Pantai Karangsonge, akeh uwong sing lelungan mampir ning pantai karangsong, salah satuhe daerah luar kota salah sijine kota Subang sing adoh-adoh meng Indramayu. Keindahane ora bisa diucapaken karo kata-kata sing intie mah eksotis lan kesengsem.

Nyesel jare mang Anton mah baka ana wong Dermayu sing beli weru ning pantai karangsong, ning selain keindahane ana werna-werna wahana ato dolanan kanggo anak putuh sing arep jalan-jalan. Makae gage melaku-melaku ning Dermayu selain pantai karangsonge, Dermayu due pulau biawak sing terletake lumayan adoh, jare uwong sing mana mah lumayan larang nggo numpak perahu.

Memang ora disadari, Indramayu ikih nyimpen keindahan sing luar biasa jadi sing asli wong dermayu seharuse kudu bangga lan haruse ngangkat pariwistane lan budayane ning tingkat nasional, ambiran Indramayu dikenal ning penjuru sejagat menusa. Ning sisi lain , engkone nambah pemasukan wargane setempat bari dagangan ning tempat pariwisatane. 

Beli usah khwatir baka arep jalan-jalan ning Dermayu, khususe masalah pariwisata soale Indramayu sekien ana pariwisata sing luwih diminati kangge warga khususe Dermayu, salah satune Pantai Tirtamaya, pantai ikih uwis lawas didiriakene senget kula cilik tempat kien paling favorit ning desae kula khususe daerah Karangampel, Indramayu. Lan sekian mah Pantai Tirtamaya uwis jadi bersih soale dibenahi ning Pemerintah ngango tujuane akeh sing teka ato piknik ning Pantai Tirtamaya, masalah harga tikete ora larang alias murah, lan ora usah galau jare wong enom mah soale ning Pantai Tirtama sekien akeh wahana sing menarik salah satu contone ana organ tarlinge. Soale dermayu ikuh kota tarling jeh 

Organ tarling ikuh sing paling terkenal dangdute yah wong dermayu, suarae ora diragukan maning karo penyanyi ato artis terkenal ning tivi, salah satune organ tarling sing terkenal ning Dermayu ikuh ana Dariyah, Hj. Aas Rolani lan sing sejene, aja isin jadi wong dermayu kuh kudu bangga soale akeh pisan budaya lan hiburan sing menarik kudu dicoba, ayo batur-batur nang nok Dermayu lan sejene sing luar kota jalan-jalan ning Dermayu. 

#kula bangga jadi wong dermayu


EmoticonEmoticon